Kamis, 08 Oktober 2015

Pranatacara
A.    Pemahaman Pranatacara
1.   Hakikat  Pranatacara
Pranatacara
Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunpepetri sarta dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut ngleluri kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun wewaton sawatawis minangka panglimbang saha ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep nggadhahi kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara.
Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang Pranatacara, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah dipunsamektakaken sangunipun saha asring dipungladhi utawi dipunlatih. Kanthi mekaten, jinisipun pidhato utawi Pranatacara saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:
1.   Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2.   Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.
3.   Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.
4.   Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.
Pranatacara, miturut isi lan basanipun, gadhah sipat-sipat: ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, populer, ilmiah, mligi utawi umum.
Kejawi punika, nalika nindakaken Pranatacara sawijining paraga kedah anggadhahi sangu utawi syarat:
1.    Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala Pranatacara kedah nedahaken tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.
2.    Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.

3.    Basa lan sastra
Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah. Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken:
a.       sinten ingkang gineman
b.      sinten ingkang dipunajak gineman
c.       sinten ingkang dipunginemaken
d.      swasana nalikanipun gineman
e.       sami mangertosi ingkang dipunginem.
Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken Pranatacara mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.
(Kabesut sakingTuntunan Pranatacara saha Paniti Laksana dening Drs. Sutardi Atmasandjaja, kanthi ewah-ewahan sawetawis)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut Ancas utawi Tujuan:
1.      Pranatacara pambagyaharja
2.      Pranatacara mamitaken jenazah
3.      Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4.      Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5.      Pranatacara pamedhar sabda
6.      Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut Isi lan Basa:
1.      Pranatacara ringkes lan prasaja
2.      Pranatacara rowa lan rinengga
3.      Pranatacara popular
4.      Pranatacara ilmiah
5.      Pranatacara mligi utawi umum
Cengkorongan Medhar Sabda:
1.      Salam pambuka
2.      Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
3.      Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4.      Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
5.      Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6.      Panutuping atur/ salam
         
Tuladha Teks Pranatacara:
PANATACARA ING ADICARA SYAWALAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.
Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabektèn. Para pangembating  praja  ingkang  sinudarsana.  Bapak-bapak,  ibu-ibu,  para  kadang  sepuh  anem,  para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Keparenga  kula  mambeng  saha  nggempil  kamardikan  panjenengan  sadaya,  awit  kula  piniji
saking panitya, kinèn ngaturaken urut reroncèning acara ing wekdal menika. Namung sadèrèngipun kula ngaturaken  rantamaning acara menika, sumangga kula dhèrèkaken ngonjukaken puji syukur wonten  ngarsa  dalem  Gusti   Ingkang   Maha  Agung,  karana  sih  wilasa  miwah  barokah  ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya  dalasan  kula, satemah ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubéda nir ing sambékala. Amin.
Nun  inggih  para  lenggah  ingkang  sinuba  ing  pakurmatan,  keparenga  panatacara  murwani lekasing sedya  ingkang menika énggal badhé binuka lampahing titilaksana acara syawalan, kanthi ngaturaken reroncèning acara ingkang sampun karantam déning panitya, nun inggih:
1.   (Acara ingkang angka sepisan) pambuka
2.   (Angka kalih) waosan kitab suci Al-Qur’an
 3.   (Déné ingkang angka tiga inggih menika) atur pambagyaharja
4.   (Acara angka sekawan) pratignya syawalan saking wiranèm
5.   (Ingkang angka gangsal) pratignya syawalan saking warga
6.   (Déné ingkang angka enem) pratignya syawalan saking pengurus
7.   (Acara ingkang angka pitu) inggih menika panampining pratignya syawalan
8.   (Acara ingkang angka wolu) inggih menika jawat asta
9.   (Acara ingkang angka sanga) inggih menika suméné sawetawis
10. (Tataran acara ingkang angka sedasa) katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan
11. (Ndungkap acara ingkang angka sewelas utawi ingkang pungkasan) inggih menika panutup

Mekaten  para  rawuh  ingkang  minulya,  rantamaning  adicara   ing  kalenggahan  menika. Minangka   pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan manungku puja konjuk  wonten  ngarsa  dalem  Allah  ingkang  Maha  Agung,  miturut  agami  saha  kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dhèrèkaken.
................................................................................................................................................ Cekap, matur nuwun.
Para lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al-Quran.  Pramila  dhumateng  paraga  ingkang  sampun  kapiji  nenggih  sedhèrèk...................  kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................ Kaaturaken     aguning          panuwun                                              dhumateng       sedhèrèk          .............           mugi-mugi       amal     saé
panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken rahmatipun. Amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka   tiga   inggih   menika   atur   pambagyaharja   saking   pangarsaning   panitya   ingkang   badhé dipunsalirani déning panjenenganipun bapak............. dhumateng penjenganipun bapak ............ kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten atur pambagya saking pangarsaning panitya, kanthi terang trewaca wijiling pangandika ngaturaken pambagya. Salajengipun, acara ingkang angka sekawan inggih menika pratignya  syawalan saking para wiranem kukuban ............. ingkang badhé dipunsalirani déning sedhèrèk ....... dhumateng sedhèrèk ................................. kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................ Matur nuwun dhumateng          sedhèrèk                                                   ..........           minangka         sulihipun          para     mudha
wewengkon........... Salajengipun, adicara ingkang angka gangsal inggih menika pratignya syawalan saking  warga  kukuban  .............  ingkang  badhé  dipun  sarirani  dening  panjenganipun  bapak  ....... minangka  wakiling  sedaya   warga.   dhumateng  panjenganipun  bapak  .................................  kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun bapak ....................... ingkang sampun kepareng  nyulihi  sedaya  warga.  Pratignya  syawalan  salajengipun  inggih  menika  saking  pengurus wewengkon  .........................,          ingkang                                                     badhé           dipunsalirani    dening panjenenganipun         bapak
....................... dhumateng panjenganipun bapak ................................. kula sumanggakaken
.................................................................................................................................................... Sampun purna pangandikan saking panjenganipun Bapak ......... minangka sulihing sedaya pengurus.
Para lenggah ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka pitu inggih menika panampining pratignya  syawalan saking para wiranem, saking sedaya warga tuwin saking para pengurus dening

sesepuh pangarsaning wewengkon ...................... ingkang badhé katindakaken déning panjenganipun bapak........................                                      dhumateng       penjenganipun bapak   ..............................      wekdal          kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................ Terang  trewaca  wijiling  pangandikan  saking  panjenganipun  bapak  ................  nampi  saha
hananggapi pratignya syawalan ingkang sampun katur ing ngajeng. Dhumateng pajenganipun bapak
................... kula aturaken agunging panuwun.
Para rawuh ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka wolu inggih menika jawat asta. Dhumateng  panjenganipun  bapak  sesepuh pangarsaning  kampung  kasuwun kapareng  jumeneng, nampi jawat asta kawiwitan   saking para pinisepuh, lajeng para pengurus, kasambet dening sedaya warga, mekaten ngantos waradin. Wekdal sacekapipun kula sumanggakaken.
.............................................................................................................................................
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, atur uninga bilih acara ing kalenggahan menika dèrèng purna.  Tataran  adicara  ingkang angka sanga inggih menika suméné sawetawis. Dhumateng para rawuh, sumangga kepareng lenggah kanthi mardikaning penggalih ngrahabi dhaharan saha unjukan ingkang sampun kacawisaken déning panitya. Minangka panglipur sawetawis, badhé katur pasugatan lumantar pita swara. Dhumateng kadang panata swara kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................ Nuwun para lenggah  ingkang dahat kinurmatan, kepareng sumela atur, ndhèrèk nggempil
kamardikan panjenengan sami, awit badhé katur sambeting adicara.
Jumbuh  kaliyan  urut  reroncèning  acara  ingkang  sampun  katur  wonten  ngajeng,  tataran adicara ingkang  angka sedasa inggih menika hikmah syawalan ingkang badhé dipunwedhar déning panjenenganipun bapak .................. dhumateng panjenenganipun bapak ............ wekdal saha papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................ Mekaten para rawuh,  katerangan bab syawalan saking panjenenganipun bapak ..................
mugi-mugi sageda  andayani  tambahan  seserepan  saha  kathah  gina  paedahipun tumrap  kula  lan panjenengan sedaya. Dhumateng bapak ................................ kula aturaken agunging panuwun.
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.  Sumangga pepanggihan ing wekdal menika kapungkasi sesarengan kanthi atur panuwun wonten ngarsaning dalem  Allah SWT ingkang Maha Agung, déné acara syawalan ing kalenggahan menika  saking  purwa,  madya,  dumugi   wasana  saged  kaleksanan  kanthi  raharja  tebih  saking sambékala. Donga puji syukur kula sumanggakaken miturut agami saha kapitadosanipun piyambak- piyambak, sumangga............................................................................................................ Cekap, matur nuwun
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken
renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing  agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2 komentar:

  1. Las Vegas Sands Casino
    The Sands 샌즈카지노 opened its casino in 1xbet 2008 and soon opened its doors to 인카지노 Las Vegas-based developer. It is the first casino in the United States to be built ‎About Us · ‎History · ‎History · ‎Contact Us · ‎Contact Us

    BalasHapus
  2. Casino Site Review 2021 | Lucky Club
    Lucky Club is a UK based and licensed gambling operator licensed in luckyclub.live Gibraltar. The operator was created in 2010, while in Gibraltar, it operates a  Rating: 4 · ‎Review by LuckyClub.live

    BalasHapus